Wisata
Milih Alun-alun Opo Pasar Yaik?
Lek Hardjono seneng Jumatan ning Mesjid Kauman. Umahe pancen rodo adoh seko daerah kuwi. Ning, merga seneng suasana nang salah siji mesjid sejarah Kota Semarang kuwi, wong umuran 40 thun sing sering dipanggil Lek Djono kuwi trima numpak motor limolas menit suwene.
“Apa sing kok senengi seko mesjid kuwi to Lek?” takon Wahyu, salah siji pona’an Lek Djono. Bocah kuwi sekolah nang salah siji SMA. Saiki nembe kelas loro.
“Mesjid Kauman kuwi apik. Jajal pison pondho sholat nang kono,” jawabe Lek Djono. Deknen pancen bungah cerita perkoro mesjid.
“Lha, yen arsitekture sing moncer, kan yo jik kalah mbe MAJT to Lek. Malah luwih guedhe.”
“Bener. Ning, apki lan ora kan ora mung perkara arsitektur, tapi uga perkara rasa. Mudeng, Nang?”
Wahyu manthuk-manthuk. Keto’e mudeng ning sejatine bingung.
“Lha, sing Lek Djono maksud ras kuwi sing piye?”
“Mesjid Kauman ora mung dadi tempat sholat. Jajal nek dino Jumat dolano rono. Kowe bakal weruh welasan wong sing numpang istirahat nang beranda,” jawabe Lek Djono.
Ngrungu jawaban ngono, Wahyu mung mesem. “Lha, mosok ngono kuwi dijenengi apik? Ning ndi apike, Lek?”
“Ngene cah. Kwe ngerti perkarane, kenopo wong-wong kuwi nunpang turon nang mesjid?”
Wahyu gedheg-gedheg. Deknen ora mudeng.
“Megro wong-wong kuwi ora nduwe panggonan kanggo ngaso. Wong-wong kuwi perlu tempat sing kepenak tur murah. lha nek turon nang hotel kan mbayare larang to?”
Wahyu mangguk-mangguk.
“Kowe cah enom, mestine mudeng. Tukang becak, bakul sandang, asongan, karo wong-wong sing lagi dolan ora nduwe panggonan seliane mesjid. Mulakno, mesjid kuwi apik. Ora mung seko arsitekture ning uga seko fungsine,” ucap Lek Djono. “Mangkane aku setuju yen Pak Wali arep mbalikno fungsi Pasar Yaik dadi alun-alun kota meneh.”
Wahyu cengar-cengir. Keto’e deknen bingung mbayangke atusan wong dodolan sing saiki nganggo lokasi Pasar Yaik.
“Lha, terus wong-wong sing podo dodolan yang Pasar Yaik piye nasibe Lek?”
“Soal kuwi kan iso dirembuk. Iso wae pedgang ning kono direlokasi. Goleke panggonan sing penak ning uga rame ben dodolane tetap laris,” jawabe Lek Djono. “Nek mituruti pasar, kabeh panggonan bakal didadeke pasar. Kowe kan ngerti, jaman koyo ngene kabeh-kabeh dadi dodolan.”
“Ngono to Lek? Tapi lokasine nangendi? Wong ning Semarang iki minangka wis ora enek panggon kosong?”
“Nah, kuwi sing kudu dirembuk. Mestine, Pak Marmo nduwe pertimbangan lio. Deknan lan jajarane kudu wis mikir adoh mergo iki masalah penguripane wong akeh,” jawab Lek Djono meneh.
Durung rampung wong loro ngobrol, Adzan wis kurungu. Lek Hardjo nyetarter motore lan langsung temuju mesjid. PortalSemarang.com
OBJEK WISATA LAIN | HOTEL | PENGINAPAN MURAH | KULINER | TOUR AND TRAVEL | SHOPING GUIDE
Tulis pengalaman anda melakukan perjalanan, wisata kuliner, atau berbelanja di Kota Semarang, klik di sini.
-
Muda & Gembira10 years ago
Kalau Kamu Masih Mendewakan IPK Tinggi, Renungkanlah 15 Pertanyaan Ini
-
Lowongan10 years ago
Lowongan Dosen Akademi Teknik Elektro Medik (ATEM), Deadline 24 Juni
-
Muda & Gembira10 years ago
Inilah 10 Sifat Orang Ngapak yang Patut Dibanggakan
-
Muda & Gembira10 years ago
Sembilan Kebahagiaan yang Bisa Kamu Rasakan Jika Berteman dengan Orang Jepara
-
Muda & Gembira10 years ago
SMS Lucu Mahasiswa ke Dosen: Kapan Bapak Bisa Temui Saya?
-
Muda & Gembira10 years ago
Inilah 25 Rahasia Dosen yang Wajib Diketahui Mahasiswa
-
Kampus11 years ago
Akpelni – Akademi Pelayaran Niaga Indonesia
-
Kampus13 years ago
Unwahas – Universitas Wahid Hasyim